Pages

Rabu, 04 Februari 2015

cerita wayang



PANDHAWA KEMBAR
Hmmm… Kakang Kurupati menyang Ngamarta nggawa prajurit sagelar sapa-pan ana parigawe apa?” pita­kone Wrekudara marang keng raka.
“Lhoh..! Kok sajak mejanani temen. Apa netra panduluku sing pancen wis blawur. Wrekudara iki!?” pitakone Prabu Duryudana sajak kurang precaya.
“Isih pana kowe Kakang, aku Wreku­dara kang ana ngarepmu. Baliya me­nyang Ngastina, undurna kabeh wadya­balamu.”

“Waa wis kebacut tumeka kene je! Ora susah ngenteni Baratayuda. Ora idhep kowe kuwi Wrekudara apa iblis, bakune dina iki kudu sirna saka tanganku.”
“Majuwa, bakal dak ajangi apa kang dadi karepmu.”
Tetandhingan antarane Prabu Duryu­dana lan Dyan Wrekudara datan kena den selaki. Bledug ngampak-ampak sumun­dhul ngawiyat. Alun-alun Ngamarta kang dadi ajanging paprangan bosah-baseh ora karuwan. Suwarane wadyabala Kuru Kancana lan Ngamarta kang padha andon yuda sangsaya gawe horeging suwasana. Mulat sang Wisanggeni marang lumam­pahing paprangan. Gya mateg mantram sakti. Eling-eling Wisanggeni mono titah kang kinacek ing sesamane, mula gam­pang katrima kang dadi panyuwune. Eloking kahanan, prajurit saka Kuru Kan­cana cacah ewon kang ndherekake Prabu Duryudana nggecak perang Ngamarta sakala malih dadi roning waringin.
Kagyat Sang Duryudana, Dursasana, Tirtanata, Kartamarma apadene Patih Sangkuni. Legeg nyipati kahanan. Gya si­nawat ing angin sindhung riwut dening Raden Bratasena temah kabur kontal kongsi tumekan dhatu­laya praja Kuru Kan­cana. Ngreti Prabu Kurupati ken­dhang, Wisanggeni banjur mrayogakake para kadang nglurug me­nyang Kuru Kancana nglu­wari para pepun­dhen.
Prabu Duryudana sa­pendherek kang tiba gu­mebrug aneng dhatulaya tuhu gawe kagyate Prabu Darma Lelana sakadang. Prabu Duryudana ngen­dika sarwi nandukaken deduka merga rumangsa kena ing apus karma.
“Paduka sampun mir­sani piyambak, bilih wek­dal samenika Pandhawa taksih wonten ing pakun­jaran. Mokal menawi wek­dal samenika sam­pun wonten Ngamarta,” ngedikane Prabu Darma Lelana  sareh.
“Nanging nyatanipun sareng dumugi Ngamarta kula dipun papagaken dening Werkudara. Pra­mila kula suwun Prabu Darma Lelana sakadang kemawon ing­kang ngrampungi prekawis menika. Mangke sasampunipun sembada mbe­dhah Ngamarta merjaya pranakanipun, bumi Ngamarta didum sasigar semangka kemawon. Kula sepalih, dene Paduka ugi sepalih.”
“Yayi Guna Lelana, jeneng sira Yayi dak dhawuhi niliki kang sabanjure  nyo­wanake Pandhawa sing wektu dinane iki isih ana pakunjaran. Yen wus kasowanake ayo padha ditigas janggane ana alun-alun Kuru Kancana, murih enggal ilang kliliping ingkang sinuwun Duryudana.”
Kang kadhawuhan datan suwaleng kayun, gya nyuwun pamit mring pakun­jaran nganthi Pandhawa banjur kairit mring dhatulaya. Kedhep tesmak pandulune Pra­bu Duryudana nalika uninga para Pan­dhawa kang kasowanake isih kanthi ka­hanan dibanda astane.
“Waaa kahanan kok kaya mangkene, angel anggonku mikir. Sinuwun Darma Lelana, prekawis menika kula pasrahaken sawetahe dhateng Paduka. Kula pun mboten badhe tumut-tumut malih. Ing­­kang baken tumrap kula sakadang, Pan­dhawa dalah anak-anake kudu modar!”
“Menika dhawah gampil Sinuwun. Paduka mboten sisah rumagang ing kar­ya. Pejahipun Pandhawa sakukuban ka­pasrahaken kewala dhateng kula saka­dang,” dhawuhe Prabu Darma Lelana aga­we lejar penggalih Prabu Kurupati.
Nanging kedadak Raden Puja Lelana munggah ing sitinggil asung palapuran menawa Pandhawa Lima ngamuk pung­gung ing Kuru Kancana sarwi nyumbari Prabu Darma Lelana sakadang.
“Lhadalah, pripun yen ngaten niki? Estu ta ingkang dados ngendikanipun anak prabu Kurupati?” sumelane Patih Sengkuni. “Pandhawa ngamuk punggung ing alun-alun, lha lajeng sing dibanda niki sinten?”
“Paman Patih mboten sisah tumut-tumut, pun kersane dirampungi piyambak kaliyan Prabu Darma Lelana sakadang. Ingkang baken icaling klilip kula nenggih Pandhawa sakpranakane,” sumelane Pra­bu Duryudana.
“Para kadang kabeh, ayo bebarengan padha dipapagake kang lagi sesumbar ana alun-alun. Aja lali pandhawa kang wus dadi bandan iki digawa menyang pa­lagan pisan!” dhawuhe Prabu Dharma Lelana kanthi trewaca. Kang ana dhatu­laya Kuru Kancana sigra metu njaba ma­pagake tekane mungsuh. Sedaya datan ana kang katinggalan.
Tekan ngalun-alun kawistara Pandha­wa lima lagya mbegagah nyranti tekane Prabu Dharma Lelana sakadang.
“Para kadang kabeh,” Raden Wisang­geni bisik-bisik. “Eling-elingen kang dadi piwelingku, mangko kalamunta Pandha­wa sing dikongkon maju mapagake awake dhewe, aja padha diladeni…”
“Lho, Wisanggeni ki piye? Yen ora oleh diladeni rak padha karo nyorohake patine para kadang,” panyelane Antareja.
“Mengko dhisik ta. Durung rampung anggonku kandha. Bakune aja diladeni, mengko yen nganti para kadang tume­keng lalis, Wisanggeni kang bakal nang­gung sakabehe. Cukup sembahen kaping telu sinambi ngeningake netra batin nyenyuwun mring Hyang Manon kanggo miyak warana sapa sejatine kang kok adhepi. Wis, ngono kakang kang dadi pi­welingku. Aku tak ngawat-awati saka kadohan wae kakang,” Raden Wisanggeni banjur nggeblas lunga saka papan kono.
Tan pantara lama Prabu Darma Lelana sakadang wus prapta ing papan kono nganthi Pandhawa miwah Prabu Duryu­dana, Dursasana, Tirtanata uga Patih Sengkuni. Pirsa ing ngalun-alun uga ana Pandhawa cacah lima rumangsa gumun sang Duryudana.
“Sarehne sing mbarang amuk iku te­tirone Pandhawa, mula kareben Pan­dha­wa iki wae sing ngadhepi. Yayi Guna Le­lana, enggal luwarana bandane Pandha­wa, banjur dhawuhana maju pabaratan ngadhepi tetirone kae,” dhawuhe Prabu Darma Lelana marang keng rayi. “Pun Kakang bakal bali ha­nge­-dhaton, mangko samangsa-mangsa ana bebaya kang banget mutawatiri pun kakang aturana pirsa ya Yayi.”
Kang dhinawuhan sigra ngluwari ban­da­ne Pandhawa. Sabanjure Pandhawa kadhawuhan maju ing pupuh ngadhepi tetirone. Para putra Pandhawa kang lagi namur laku maksih eling marang pitung­kase Wisanggeni, mula majune Pandha­wa babar pisan ora digape. Sawise caket sigra kasembah kaping telu, sinartan donga panyuwun mring Hyang Manon mu­rih lebdeng karya. Kaelokaning jagad, Pandhawa kang nembe diluwari saka bebandane iku ilang wewujudane malih dadi gegaman kadewatan. Prabu Punta babar dadi Jamus Kalima Sada, Raden Wrekudara dadi Gada Rujak Pala, Dyan Janaka babar dadi Saratama, semono uga satriya kembar kemanikan dadiya san­jatanira sowang-sowang.
Prabu Duryudana nggragap mulat kaelokaning lelakon, sigra nggemprang mring kedhaton ngupadi Prabu Darma Lelana sakadang. Caos palapuran keda­deyan ing alun-alun.
Ing alun-alun, Raden Wisanggeni ban­jur mrepegi kadang-kadange maneh.
“ Para kadang, sanjata iku padha pun­dhinen. Kanggonen sangu ngadhepi Pra­bu Darma Lelana sakadang. Wis enggal majua maneh!”
Pandhawa tiron kang wus mandhe gegaman banjur nyumbari Prabu Darma Lelana sakadang. Panas talingane midha­nget swara panantang, wusanane Prabu Dharma Lelana sakadang kabiyantu Prabu Duryudana maju ing palagan. Saka pa­pane sesingid, Wisanggeni bali mateg mantram sakti. Dumadakan ana mega mangampak-ampak nglurupi praja Kuru Kancana. Ilanging mega bebarengan kalawan musnane praja Kuru Kancana kang pan­-cen dumadi mung karana cipta. Kraton saisine bali kadya sakawit dadi ara-ara Kurusetra kang jembar hangilak-ilak. Tetandhingan antarane Pandhawa tiron mungsuh Darma Lelana sakadang lumaku imbang. Yen ditimbang padha abote. Durung ana tandha-tandha sapa sing bakal unggul lan sapa sing kasoran. Nanging suwe-suwe Prabu Darma Lelana sakadang keseser yudane. Mulat mung­suhe karoban lawan, ponang sanjata kang cinekel Pandhawa tiron arsa kata­mak­ake mring anggane Prabu Darma Le­lana sakadang. Ing kahanan kang mu­tawatiri mau Wisanggeni malumpat saka papane singidan niyat misah marang para kang lagi bandayuda. Mlumpate Wi­sanggeni bebarengan kalawan praptane jawata Suduk Pangudal-Udal, Resi Kaneka Putra kang nunggal niyat kalawan Wi­sanggeni nedya misah kang lagi rog bandawalapati.
“Bregenjong-bregenjong pak-pak pong waru dhoyong ditegor uwong. Waaaa…. padha kurang gaweyan iki. Bapak kok gelut mungsuh anak, ora lucu. Hayo bubar-bubaaar. Kuwi sing padha memba-memba gage lukar busana,” Dha­wuhe Resi Narada karo gumujeng.
“Weh kedhisikan Bathara Narada, mangka sakjane sutradharane aku he he he. Ya  wis ora dadi ngapa. Para ka­dang, cukupna semene anggonmu namur laku. Sajake wis kewiyak mungguh warananing lakon.” Para Pandawa kang nyekel senjata mau banjur badhar sejatining wujud dadi para putra Pandhawa.
“Darma Lelana sakadang barang kuwi gage padha rucata! Apa dikira jeneng ulun ora pirsa sapa sejatine Darma Lelana sakadang kuwi?” ngendikane Bathara Na­rada.
“Iya Mbah, tuturana para pepundhen Pandhawa kuwi. Padha murca reka-reka dadi Prabu Darma Lelana sakadang mung gawe bingunging para garwa putra,” sumelane Raden Wisanggeni.
Sanalika badhar sejatining wujud Pra­bu Darma Lelana sakadang dadi Pan­dhawa lima. Prabu Duryudana sapendhe­rek kang rumangsa kewirangan banjur nggeblas ninggalke Tegal Kuru tanpa pamit.
“Sarawuh Paduka Pukulun Bathara Narada, sembah pangabekti kula konjuk,” ature Prabu Punta makili para kadang lan putra.
“Hiya Kaki Prabu Punta wus ulun tam­pa. Balik pudyastawaning Ulun muga ru­menthah mring Kaki Prabu sakadang lan para putra. Iki mau lagi ngapa, lha kok bisa pak karo anak padha gelut?”
“Nuwun sewu Pukulun, lekas kula sa­kadang namung badhe murungaken Ba­ratayuda. Menawi Ngamarta kula pa­srahaken dhateng kaka prabu Duryudana lan kula sakadang cekap wonten Kuru Kan­cana, tartemtu perang ageng jang­kaning jagad badhe wurung.”
“Sapa sing kandha? Bharatayuda tetep bakal dumadi, awit iku uga winastan perang suci. Perange watak sura mung­suh asura. Sanajan disrananana kaya nga­pa tetep bakal kelakon. Mung pitungkas Ulun, Pandhawa lima iku endhog sa­pe­tarangan ngibarate, mukti siji mukti ka­beh, mati siji liyane hangemasi. Mula ra­keting kekadangan kudu den jaga. Aja padha kemba nindakake saliring kadar­man kang anjog marang katentremane kawula dasih sawegung. Iki kang dadi pitungkas Ulun, raharja kang samya pi­nanggya, Ulun kondur kahyangan ngger,”  Bathara Naradha gya cumalorot ing akasa kondur mring Suduk Pangudal-Udal.
Para Pandhawa uga banjur kondur mring Ngamarta kadherekake para putra. Prapteng Ngamarta Raden Wrekudara gya njoget tayungan minangka tandha syukur konjuk mring Gusti Kang Maha­linangkung.

LAIRIPIN RADEN GATHUTKACA




            Kacariyos ing kasatriyan Jodhipati, Raden Werkudara judheg penggalihipun awit puseripun Raden Gathutkaca mbadal saking saliring dedamel. Najan kukunipun ingkang rama, inggih punika kuku pancanaka ingkang kondhang landhepipun pitung penyukur, meksa boten tedhas kangge ngethok puseripun Raden Gathutkaca. Raden Werkudara lajeng minta sraya dhateng raka prabu ing Dwarawati inggih punika Sri Bathara Kresna, paranparaning kadang Pandhawa.
            Prabu Kresna boten kekilapan, lajeng utusan Raden Harjuna kinen ngampil sanjata Kuntawijayadanu dhateng kahyangan Jonggringsaloka. Geganjangan Raden Harjuna lajeng bidhal dhateng khayangan Jonggringsaloka. Raden  Harjuna rumaos kuciwa, awit Jawata sampun kalajeng maringaken sanjata Kunta dhateng Raden Suryaputra ingkang sowan langkung rumiyin. Raden Harjuna enggal- enggal nyuwun pamit, nungka lampahipun Raden Suryaputra. Wonten ing margi saged pinanggih kaliyan Raden Suryaputra. Sanjata Kunta kasuwun dening Raden Harjuna ananging Raden Suryaputra boten angulungaken. Ing wasana dados pancakara rame sanget. Wekasanipun sanjata Kunta saged karebat dening Raden Harjuna. Raden Harjuna lajeng gegencangan kondur dhateng kasatriyan Jhodipati.
            Dumugi ing kasatriyan Jhodipati sanjata Kunta lajeng kaaturaken Prabu Kresna. Sadaya sami kaget, awit ingkang kenging karebat jebul naming warangkanipun kemawon. Sri Bathara Kresna lajeng paring dhawuh dhateng Raden Werkudara. “Dimas Sena, aja cilik atimu Yayi! Kersaning dewa pancen kudu ngono kuwi, najan iku mung wujud warangka, nanging bias mrantasi. Mara age tamakna menyang pusering putramu Yayi! Sing waspada ya Dhi!”
            Dupi tampi dhawuhanipun ingkang raka Prabu Sri Bathara Kresna, Raden Wrekudara Boten tidha- tidha malih. Warangka lajeng katamakaken ing pusering jabang bayi. Sanalika puser pedhot, ari- ari musna, nanging warangka sirna manjing ing pusering jabang bayi. Raden Werkudara bingung lajeng ngendika, “Jlitheng Kakangku! Iki kepriye! Sida mati tenan jabang bayi iki mengko! Ijole kowe, heeee!”
            Dhasar Prabu Kresna pangayomaning titah sabumi, boten badhe kekilapan dhateng sadaya lelampahan. Pangandikanipun alon. “Sareh, sareh Yayi! Pun kakang ora maido menawa sliramu padha bingung lan kodheng. Coba padha mirangna kandhaku ya, Dhi! Lelakon iki pancen wis dadi kersaning Jawata. Wis ginaris Manawa warangka iku kudu musna manjing ing pusering putramu, sartaiku dadi sifat kandele. Nanging wanti- wantine pun Kakang ya, Yayi! Mbisuk lamun ana curiga ngupadi warangka, si Adhi kudu waspada, putramu singitna ya, Dhi!”
            Pangandikahipun Sri Batara Kresna adamel cumeplongipun Raden Wrekudara dalah kadang Pandhawa sadaya. Kala samanten jawata ugi lajeng rawuh mertakaken ponang jabang bayi ingkang ngantos nuwuhaken gara- gara punika. Saking kaparengipun Jawata, jabang bayi dipunasta dhateng kahyangan. Wonten kahyangan jabang bayi punika dipundadosi. Ingkang suwau arupi denawa, sareng dipundadosi malih dados satriya bagus sekti mandraguna.
            Ing salajenganipun Raden Gathutkaca dipunminta sraya dening Jawata, kinen numpes parangmuka saking praja Maimantaka ingkang dipunpandhegani prabu Kala Pracona saha Patih Kala Sekipu ingkang nedya ngobrak- abrik kahyangan Jonggringsaloka. Radhen Gathutkaca unggul juritipun. Prabu Kala pracona dalah patih kala Sekipu pejah dening Raden Gathutkaca. Dene wedyabalanipun sami bubar mawur. Sesampunipun purna dados srayaning Jawata, Raden Gathutkaca lajeng kawangsulaken dhateng kasatriyan Jodhipati, kapasrahaken dumateng rama lan ibunipun inggih punika Raden Wrekudara dalah Dewi Arimbi. Sadaya Para Pandhawa dalah Prabu Sri Bathara Kresna sami suka- suka lajeng bojana andrawina.

SINTHA KANDHUSTA
Pegat, apisah, Rama lan Shinta, kidang kencana tanggap ing sasmita, hangendering cancut mlajeng lumebeng wana, saya hanengah, saya tebih, denira apepisahan kalawan garwa mayangsari.
Ngancik telenging wana, peteng ndhedhet lelimengan, ical lacaking kidang, sapandurat kumlebet katingal kidang kencana haleledhang, Rama sigra hangembat gendhewa, menthang langkap, wastra lumepas, hangener dening kidang, tumancep warayang mring hangganing kidang sangsam kencana, gumlundhung pejah kasulayah, eloking kahanan, sareng gumalundhunging kidang kapiyarsa swara dumeling, Marica hangemba-emba suwaranipun Rama, jelih-jelih asesambat mring arinta Laksmana.
Sinta lan Laksmana ingkang hanganti dhatenging ingkang raka Rama dinandak hamiyarsa suwara nyaring asesambat tiwasing dhiri. Kusumaning ayu Sinta sajroning wardaya, hanyipta lamun swara ingkang kapiyarsa punika, tuhu swaranipun raka Rama, mila tarataban manahira, sigra dhawuh mring ari Laksmana, supaya enggal lumawat mring Rama, aweh pitulungan, Laksmana ingkang wicaksana tansah sung pemut, bilih swara punika sanes suwarnipun Rama.
Saiki, Rama sadar menawa dheweke wis ketipu. Dheweke gage-gage bali ing panggon Sinta ngenteni. Ing dalan dheweke papasan karo Laksmana, banjur dheweke bali bebarengan.   Endah kagete Rama lan Laksmana menawa Sinta wis kasil dicolong Prabu Dasamuka.
Manuk Jatayu mbudidaya ngalang-ngalangi malah tekaning pati kaperjaya dening gegamane Rahwana, lan Sinta bisa digawa menyang Ngalengka. Sadurunge mati Jatayu isih bisa ngabari Rama lan Laksmana tumrap kaanane Sinta. Amarga gugur njalanake darmane, Rama lan Laksmana nyuwun marang Sang Kuasa supaya gugure Jatayu  bisa sempurna.  Awit saka panyuwune Rama lan Laksmana, Jatayu bisa gugur secara moksa. Awake melu ilang lunga ing Suarga.
Ing perjalanan menyang Ngalengka, Rama lan Laksmana ketemu karo Anoman kethek putih putrane Bathara Guru. Anoman didhawuhi ngabdi karo Rama.
Nalika, ing tengahing alas, padha mireng suara tangis. Sawise diceraki, swara iku saka kethek ingkang kejepit ing silangan wit gedhe Rama banjur nulungi kethek iku saka jepitan. Kethek iku ngaku menawa dheweke iku Raja ing Guwakiskendha, sing jenenge Sugriwa. Kakange sing jenenge Subali mbrontak karo Guwakiskendha, banjur dheweke di siksa lan dijepit ing silangan wit. Lajeng kanggo ngrebutke Guwakiskendha,  Sugriwa padu karo Subali, Rama nglepaske wastra pusaka Gumawijaya. Dening Resi Subali nduweni Aji Pancasona, dheweke tetep kalah. Kanthi dibantu Rama, Sugriwa bisa dadi  Raja maneh ing Guwakiskendha.
Kanggo bales budi, Sugriwa ngerahke wadyabalane kanggo mbantu Rama ngrebut Sinta saka Prabu Dasamuka. Anoman didhawuhi Rama supaya nggoleki Sinta menehake ali-aline Rama lan mangerteni kekuatanne Kerajaan Ngalengka. Nalika arep bali Anoman dicekel wadya bala Ngalengka. Anoman arep diobong nanging banjur mabur nggawa geni kanggo  ngobong kraton Ngalengka, kajaba taman Argasoka, panggon Sinta didhelikake.
Akhire, kedadean perang gedhe  Pancawati mungsuh karo Nglengka.
Wadya balane Ngalengka  wujud buta-buta lan wadya balane Rama dibiyantu kethek-kethek balane Sugriwa, Senapati  Nglengka akeh sing tiwas. Pancawati menang. Sawise perang Rama lan   Shinta bali menyang Ayodya, Nanging Sinta susah ora enggal ketampa dening Rama, amarga dianggep wis ora perawan maneh. Sinta reresik awak saka geni lan banjur ditampa. Pratelane Rama, sesucen iku kudu ditindakake kanggo ngilangi pandakwa ala tumrap garwane.
ADIPATI KARNA
Dicritakake ndisik ana putri kang ayu , sing jenenge Dewi Kunthi. Dewi Kunthi  nikah karo Prabu Kumojoyo lan urip ing desa kerajaan sing jenenge  “Pandhawa”. Dheweke dikaruniai anak sing jenenge, KARNA . Sakwise Pirang tahun Dewi Kunthi nduwe anak meneh sing dijenengake ARJUNA. Dewi Kunthi  sayang banget marang  Arjuna ,  ndelok kabeh iku Karna ngarasa awake gak diperhatekne marang ibune, Karna sampek nguncali watu marang ibune, Dewi Kunthi utawa ibune iku langsung nesu marang Karna, tanpa gak sadar Dewi Kunthi ngomong kang sing gak apik marang Karna sing nyebabake Karna lara ati. Akhire Karna milih ngaleh saka Kerajaan Pandhawa. Sak wise pirang-pirang tahun Karna kalungonan Karna saka kerajaan, ibune mesti nggoleki lan nangisi karna. Ing sawiding dina , pasa ibune mikirne Karna lan njaluk marang para dewa ngge nemokake dheweke karo Karna. Ora suwene wektu , kakrungu swara bocah enom suarane kaya Karna.
Ing istana Karna ketemu ibune, nanging maksud mbalike Karna ing kerajaan uduk kangge ketemu kaluarga lan dulure. Nanging maksude Karna yaiku kangge ngerti keadaan ibune lan karna njaluk restu kangge dadi Ksatria perang. Ibune ora ngrestuake amergo yen dadi Ksatria perang podo karo Karna nglawan adi adine dhewe. Karna ora nggagas , lan dheweke langsung lunga ninggalake ibune kang nangis amerga kaputusan Karna. Akhire , peperangan antara  Arjuna  saka kesatrian Madukoro dadi  Ksatria perang Negara Amarta melawan Adipati Basukarno utawa Karna saka Awonggo dadi Ksatria perang Negara Astina. Prabu Salyo lan Sengkuri nduwe rencana arep mateni Abimanyu, salah siji anak saka  Arjuna, Amergo  pihak Astina kaweruh Kerajaan Amarta arep diturunake marang Abimanyu, amerga kuwi sasaran utamane yaiku mateni Abimanyu.
Pas wektune perang, Abimanyu wis okeh katusuk anak panah, nanging Abimanyu tetep nahan sampek mati . Sak wise, Mase Semar nemokake mayit Abimanyu sing kagletak kaku. Mase Semar karo Kresna yaiku kakak Arjuna bingung mikirake Kerajaan Amarta. Arjuna sing durung ngerti katiwasan putrane terus nyusun rencana kangge mbinasakake Ngastina.  Sak wise ngerti  katiwasan putrane, Arjuna langsung maju kadewean kanggo nglawan Prajurit Ngastina. Kurawa ngrasa senang, amergo biso mateni Abimanyu. Nanging tanpa diweruhi, Abimanyu ndue garwa sing lagi mbobot, lan mengkone anak iku sing ngantikake Abimanyu. Karna nantang Arjuna kangge  ndang perang. Nanging Arjuna menolak, amergo dheweke ngerti Karna iku sadulur kandunge dhewe. Karna ngongkon Arjuna njupuk senjatane. Nanging  Arjuna nolak ngge perang. Akhire atine Karna luluh, terus Karna lan Arjuna  saling kapelukan. Karna sadar Arjuna iku adik siji-sijine sing didhuweni. Ibune weruh lan ngrasa seneng.
Nanging Karna nguculake pelukanne, lan nuduh Arjuna sekongkol arep menusuk dheweke saka mburi. Akhire Karno lan Arjuna berkelahi hebat , ibune menangis ngaharep kaloro putrane iku mandekake kagelutan iku. Akhire Arjuna terjatuh. Arjuna sengaja ngalah demi Ibune, lan ngaharep atine Karna bisa luluh. Kaweruhan kuwi Kurowo ngguyu cekakakan  amergo Arjuno kalah.
Nanging kagelutan iku tetep sido, Sampek – sampek saya memanas. Wektu peperangan kalakon hebate ana keanehan loro ksatria sing pinter manah iku pada-pada ngetokake akeh anak panah nanging ora enek siji wae sing ngenei kaloro-lorone. Kadang mandek terus pada pepandang, pada netesake banyu mata. Prabu Salyo(Kusir Karna) lan Prabu Kresno (Kusir Arjuna)kalorone ngerti, kaloro-lorone putra Dewi Kunthi iku ora saling tega mateni sampek ngloroni sitik wae dadi ora enek  sitokae panah pas sasaran. Wektu sesino pada saling tempur, saling ngetokake senjata saktine, saling ngudanke panah nanging ora enek sitokwae sing ngeneki awak. Prabu Kresno dadi kusir Arjuno lan botohe Amarta (Pandawa) ngerti persis senjata Pasopati sing dipasang ing gandewa Arjuno. Dadi Tali kusir jaran disentak dadi jaran gerak mangarep pas wektu Pasopati wucul saka gandewa sing awale diarahke mung ning ngarep Karno nanging amergo kereta gerak mangarep dadi Senjata Sakti Pasopati pas ngeneki gulu Adipati Basukarno utawa Karna. Anak Dewa Surya iku mencelat kenek kereta sampek kereta ajur.  Kaweruhan kabehiku Dewi Kunthi utawa ibune Karno lan Arjuna, ngerti yen anake kang pertama iku kabener lunga kanggo salawase.
Pitutur Luhur : Adipati Karno cinta marang tanah air yaiku bales budi marang negara kang bahagiake lan ngeweki panggonan kang apik nganti mati, sanadyan lawane dulure dhewe.

RAMA TAMBAK
Prabu Dasamuka ratu ing Ngalengka punika pancen satunggaling ratu ingkang sekti mandraguna. Prabu Dasamuka punika kepencut dhateng Dewi Sinta, wanita ayu ingkang sulistya ing warni, garwanipun Ramawijaya. Gegandhenganipun Dewi Sinta kaliyan Prabu Rama sampun mboten saged dipunpisahaken malih.
Pramila Prabu Dasamuka nggadhahi raos kuciwa. Piyambakipun tansah pados rekadaya kados pundi caranipun supados saged ndhusta Dewi Sinta. Nalika Prabu Rama bebedhag ing wana Dhandhaka badhe mburu Kidang Kencana minangka panyuwune sang Dewi, kocap kacarita sang Dewi saged kadhusta dening candhala utusane Prabu Dasamuka saking Ngalengka. Miturut aturipun Sang Hyang Baruna supados saged gampil anggene dumugi Nagari Ngalengka, Prabu Rama kedah nyiagakaken wadyabala wanara. Wadyabala wanara ingkang dipunpandheghani dening Anoman kautus ngusungi redi saha sela kangge nambaki seganten supados gampil anggenipun kesah dhateng Ngalengka.
Prabu rama saha wadyabala wanara sampun samapta tumandang damel. Sasampunipun sarembag anggenipun badhe damel tambak minangka uwot kangge margi dhateng Ngalengka, wadyabala wanara saperangan dipundhawuhi ngusungi redi minangka kangge tambak. Ing wusana sedaya sami sengkut anggenipun tumadang damel amrih tambakipun enggal dados. Sasampunipun tambak dados Prabu Rama sawadyabala wanara saged liwat minangka margi dhateng Ngalangka. Tujuanipun badhe mengsah jurit dhateng Prabu Dasamuka. Wadyabalanipun Prabu Dasamuka punika sedaya sami sekti mandraguna mboten tedhas ing sawarnaning gegaman ingkang wonten. Pramila para prajurit wanara sami kewuhan, kados pundi caranipun saged ndhesek utawa mikut Prabu Dasamuka sawadyabalanipun. Pungkasanipun cariyos, Anoman nggadhahi cara kangge merjaya Prabu Dasamuka punika. Satunggaling wekdal Anoman ngangkat Gunung Somawana, pangangkahipun Anoman badhe nebleg polah tingkahipun Dasamuka. Wusananipun Prabu Dasamuka saged sirna amargi dipuntableg kaliyan Gunung Somawana dening Anoman.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar